Wednesday, March 28

Thursday, March 15

CERITA LUCU MALAM PERTAMA

Malam pertama pasangan muda yang sama-sama masih perawan akhirnya menikah. Masing-masing gugup ketika menghadapi malam pertama,
namun tidak ada yang mau mengaku atau bertanya kepada pasangannya tentang apa yang harus dilakukan.
Didera kebingungan, si pengantin cowok bertanya kepada ayahnya, "Papa, apa yang harus saya lakukan?" " Telanjanglah dan naik ke tempat tidur", jawab ayahnya.
Kemudian ia melakukan apa yang
disarankan ayahnya.
Si pengantin cewek kaget setengah mati melihat kelakuan suaminya, ia kemudian bertanya kepada ibunya. "Telanjanglah dan ikuti suamimu", saran ibunya.
Setelah berbaring beberapa lama, si
pengantin cowok ke luar kamar dan
bertanya lagi kepada ayahnya, "Apa lagi yang harus saya lakukan?" Sambil geregetan ayahnya menjawab, " Lihatlah
tubuh telanjang istrimu. Kemudian
masukkan bagian tubuhmu yang paling keras ke tempat istrimu kencing!"
Beberapa saat kemudian, giliran si
pengantin cewek bertanya kepada
ibunya. "Apa yang harus saya lakukan?"
Ibunya balik bertanya, "Apa yang sedang dilakukan suamimu?"
Setengah mengeluh si pengantin cewek
berkata, "Ia sedang membenamkan
kepalanya ke dalam toilet!"

Wednesday, March 14

NYIMPEK,NA KIM JUNG-UN

Ahmadijenad, Hugo Chavez, Raul Castro kambi Kim Jung-un nembeke rampung nyekar kuburane Kim Il-sung. (Kuburane bapane kim jung-un) Egin neng gonggoman kuburan, wong telu ngaseng Kim Jung-un jonjang. Gole nglotre sing masang nganggo kertu gambare wong papat ditambah kertu gambare Obama. Sapa sing ngejit entuk gambare Obama sing masang.

Basa Hugo Chaves ngocok kertu banjuran dekon pada ngejit. Ahmadijenad ngejit kertu gambare Fidel Castro, Hugo Chavez ngejit gambare Ahmadijenad. Raul Castro ngejit gambare Kim Jung-un.
Giliran Kim Jung-un ngejit, dheweke olih kertu gambare Obama. (Mbatin, apes kye nyong)

"Horee… Jung-un masang," omonge wong telu.

"Jung-un, gelis matane kowe ditutupi, inyong arep mlayu umpetan," omonge Ahmadijenad.

Mbarang matane debukak deweke nggoleti umpetane wong telu tekan ngendi ora, ningen ora ketemu najan wis nggoleti tekan rep.
Kim Jung-un nangis mberod-mberod keweden, ningen ujug-ujug krungu suara bapane sekang jero kuburan:

"Jung-un, kowe ora usah nggoleti. Wong telu kuwe nyimpek,na kowe lunga aring Praketa arep pada mangan mendhoan neng kana," omonge Kim Il-sung bapane.

Kim Jung-un sengsaya keweden krungu bapane sing wis mati ngomong sekang njero kuburan tambah klenger bunderr...

Wednesday, March 7

Cerita humor: KEPUNGAN

KEPUNGAN
Sore kang Sendur wis adus dandan mlipit pisan nanggo SENDAL ANYAR, ben ora mambu lecit keleke dioser oser nganggo onorondo, bagda maghrib, Sendur mangkat arep melu slametan kaule daplun nggone kaki khasim,
Kon cepet tekan Sendur nrobos lurung, dalane madan peteng, ndilalah nang lurung weruh barang ijo-ijo metutuk pating tletek nang tengah lurung,
Sendur mbatin 'melas temen nini Salem arep dodolan buntil nang tontontan lengger malah pada gigal, Sendur nguculi sandal barang dirasakna karo jempol sikil, 'lho esih anget, kiye temenan buntile nini Salem sing gigal. Sendur clingukan bareng ngerti ora nana wong sendur ndodok, buntile dimek karo driji, ' deneng madan kasap, apa enggane buntil godong boled mol' saking penasarane
Sendur nyimit sepetil terus dicicipi, bareng ngerti sendur nggrundel ''ASEM !!,  TLEPONG KYE TAH.. UNTUNG BAEN ORA KEPIDEK JANN.. ANGGER KEPIDEK NYONG TULI KISINAN, SANDAL ANYAR MALAH CLUPUT GANING TLEPONG''

Tuesday, March 6

Cerita lucu: bakul bubur anake dadi pejabat

Bupati Banyumas, Bapak Mardjuki, dina Jum'at 2 Maret 2012 dolan neng Pasar Wage tilik pedagang.
Pak Mardjuki takon-pitakonan karo Mbok Sarwen bakul bubur nang kono.
MARDJUKI: Dodolan bubur wis suwe Mbok Sarwen.??
SARWEN: Sampun 40 tahun pak..
MARDJUKI: Anakke pada neng endi mbok.?? Deneng langka sing ngrewangi.??
SARWEN: Anak kula enten 3, ingkang mbarep teng POLRES, nomer kalihe teng KEJAKSAAN, ingkang mbontote teng KANTOR PAJEK, dados sami sibuk sedanten pak..
Mardjuki gelang geleng kagum karo Mbok Sarwen. Terus neng ngarep wong-wong sing pada nderek, Pak Mardjuki ngendika: "Lah kuwe sedulur.. Mbok Sarwen sing mung bakul bubur anake bisa pada sukses. anak2ke 1 neng POLRES. 2 neng KEJAKSAAN sing 3 neng KANTOR PAJEK.
tapi mbok sarwen esih seneng kerja keras, lah kiye buktine Mbok Sarwen tetep dodolan bubur panas-panas kaya kiye.
MARDJUKI: Mbok Sarwen, anakke rika jabatane apa neng POLRES, KEJAKSAAN karo sing neng KANTOR PAJEK?"
MBOK SARWEN: ya nggih Sami kalih kula pak. Sadean bubur ugi..
Mardjuki: *$#*%$#* (mamah jentik)

Humor: jeneng aneh

nang kelas, bu guru lagi ngabsen murid muride:

Guru: Mahesa Purbo Sejati gunawan.??

Murid: (kambi ngacung) hadir bu.!!

Guru: Fichy Seno Nugroho.??

Murid: wonten bu.!!

Guru: (meneng sedela, soale gumun ana daftar jeneng muride sing aneh)
sapa sing jenenge W.TAUFIK.WWWW ngacung.??

Taufik: kula bu... 

Guru: jenengmu sapa sebenere.??

Taufik: anu bu...emmm...nuwun sewune mawon kula isin diguyu kalih rencang2 nek ngendika namine kula.. 

Guru: wis ora papa...ora usah isin-isin.??

Taufik:
nggih menawa ibu mekso...namine kula niku.. Wabillahi Taufik Walhidayah Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh 

Guru: ???@*@$*#...(mamah kapur tulis)