Sunday, February 26

humor ngapak: restaurant indonesia neng USA

RESTORAN INDONESIA
 Wis ana sewulan DAPLUN karo bendarane nang Amrik, bareng weruh ana restoran 'masakan Indonesia', wong sekloron mlebu trus njagong adep2an. Pelayane ROBOT nyedeki karo takon
R : what is your nationality
D : Indonesia
SECARA OTOMATIS ROBOT MERESET BAHASANYA.
R : selamat datang, apa bahasa suku anda
D : banyumas, jawa tengah
R : sugeng siang, rika arep pesen apa
D : ana pecel, mendoan, dage karo wedang clebek apa ora
R : ana, garep pesen pirang porsi
D : rong porsi baen
R : porsi gede apa porsi cilik
D : porsi gede
R : lomboke pira
D : sing siji lomboke 2, sijine lomboke 5
R : lombok cengis apa abang
D : lombok cengis kena abang kena
R : nganggo kangkung
D : ya
R : nganggo timun
D : ya
R : nanggo kol
D ; ya
R : kol lokal apa sekang wonosobo
D : sekarepmu.!!! (daplun mulai kesuh)
R : kacange diulek apa di blender
D : diuleg.. goblog.!!! Karo menteleng
R : nganggo brambang goreng apa ora
D : nganggo. asu.!! (daplun nggentak seru pisan)
R : nganggo piring apa dipincuk
D : nganggo piring.!!
R : mendoan karo dage digoreng nganggo margarin apa lenga klentik
D : nganggo jlantah.. wedhus.!! (daplun nggebrak meja, jengkel banget wis 10 menit kok mung ditakoni baen)
Robot meneng lampu matane kerlob2 byar pet kayane lagi mroses pesenane sendur, kira2 rong menitan robote moni maning
R : kesuwun banget, pesenane rika wis tek tampa, tapi ngapura ya pesenane ora bisa disuguhna
D : kenang apa sih, nyong wis kencot banget setengah jam mung tanya jawab tok
R : anu, asu karo wedhus sing goblok digoleti ora ketemu neng meta data, eh malah cempuleke wis nang ngarepe nyong
D : munyuk temenan kowe bisa2 nyong dadi kenthir, mayuh bendarane madang nang restoran liyane baen

5 comments: