Wednesday, March 14

NYIMPEK,NA KIM JUNG-UN

Ahmadijenad, Hugo Chavez, Raul Castro kambi Kim Jung-un nembeke rampung nyekar kuburane Kim Il-sung. (Kuburane bapane kim jung-un) Egin neng gonggoman kuburan, wong telu ngaseng Kim Jung-un jonjang. Gole nglotre sing masang nganggo kertu gambare wong papat ditambah kertu gambare Obama. Sapa sing ngejit entuk gambare Obama sing masang.

Basa Hugo Chaves ngocok kertu banjuran dekon pada ngejit. Ahmadijenad ngejit kertu gambare Fidel Castro, Hugo Chavez ngejit gambare Ahmadijenad. Raul Castro ngejit gambare Kim Jung-un.
Giliran Kim Jung-un ngejit, dheweke olih kertu gambare Obama. (Mbatin, apes kye nyong)

"Horee… Jung-un masang," omonge wong telu.

"Jung-un, gelis matane kowe ditutupi, inyong arep mlayu umpetan," omonge Ahmadijenad.

Mbarang matane debukak deweke nggoleti umpetane wong telu tekan ngendi ora, ningen ora ketemu najan wis nggoleti tekan rep.
Kim Jung-un nangis mberod-mberod keweden, ningen ujug-ujug krungu suara bapane sekang jero kuburan:

"Jung-un, kowe ora usah nggoleti. Wong telu kuwe nyimpek,na kowe lunga aring Praketa arep pada mangan mendhoan neng kana," omonge Kim Il-sung bapane.

Kim Jung-un sengsaya keweden krungu bapane sing wis mati ngomong sekang njero kuburan tambah klenger bunderr...

1 comment: