Tuesday, March 6

Cerita lucu: bakul bubur anake dadi pejabat

Bupati Banyumas, Bapak Mardjuki, dina Jum'at 2 Maret 2012 dolan neng Pasar Wage tilik pedagang.
Pak Mardjuki takon-pitakonan karo Mbok Sarwen bakul bubur nang kono.
MARDJUKI: Dodolan bubur wis suwe Mbok Sarwen.??
SARWEN: Sampun 40 tahun pak..
MARDJUKI: Anakke pada neng endi mbok.?? Deneng langka sing ngrewangi.??
SARWEN: Anak kula enten 3, ingkang mbarep teng POLRES, nomer kalihe teng KEJAKSAAN, ingkang mbontote teng KANTOR PAJEK, dados sami sibuk sedanten pak..
Mardjuki gelang geleng kagum karo Mbok Sarwen. Terus neng ngarep wong-wong sing pada nderek, Pak Mardjuki ngendika: "Lah kuwe sedulur.. Mbok Sarwen sing mung bakul bubur anake bisa pada sukses. anak2ke 1 neng POLRES. 2 neng KEJAKSAAN sing 3 neng KANTOR PAJEK.
tapi mbok sarwen esih seneng kerja keras, lah kiye buktine Mbok Sarwen tetep dodolan bubur panas-panas kaya kiye.
MARDJUKI: Mbok Sarwen, anakke rika jabatane apa neng POLRES, KEJAKSAAN karo sing neng KANTOR PAJEK?"
MBOK SARWEN: ya nggih Sami kalih kula pak. Sadean bubur ugi..
Mardjuki: *$#*%$#* (mamah jentik)

No comments:

Post a Comment