Sunday, February 26

cerita humor: kucing enom

bagol lagi bingung ra duwe duit, nah nang dalan ketemu daplun,
bagol  diprentah nggolet kucing sing tesih nom sijine dibyar 100ewu.


kie critane:
daplun: gol raimu deneng lesu temen kaya kesed ya kue.??
bagol: dapurmu sie.. ora duwe duit plun.. utange akeh koh..
daplun: geh gol.. golet kucing enom nganah gawa ngumahku sijine 100ewu..
bagol: temenan apa.. ya tek golete.


(3 jam kemudian bagol meng umaeh daplun nggawa 3 bayi kucing, tangane mbi raine rodal radil dicakari biung kucing)


bagol: daplun.. kie nyong ulih 3 bayi kucing plun.. enom-enom banget mbok.?? hahaha (bagol bungah)
daplun: nom kepiwe lah.. kie ya nu wis tua kabeh gol.??
bagol: wis tua plun.?? koe kelilipen apa katarak.?? genah-genah kue bayi kucing koh...tua.?? (mandan kesuh)
daplun: ya tua gol.. wong wis metu untu karo kumise kuweh deleng.??
bagol: oooo..digilmu sih.!! kucing lair ya wis ana kaya kuene.. Kentir pancen koe. JEDERR..GRUMBYANG..BRESS.. (bagol lunga mbi nempang saka emper)



sumber: agus umpx

No comments:

Post a Comment