Saturday, January 12
KISAH PENGANTEN ANYAR
Suatu pagi sang suami mau berangkat kerja.
Suami : nyong arep mangkat ngode disit yah darling.. (plek)
Istri : ora sarapan disit mas.??
Suami : ora mah nyong urung kencot.
suamipun pergi sembari mencium bibir istrinya dengan mesra sambil
berkata "kye sarapane nyong mah" (clepott.. ndower2 dah)
Sang istripun tersenyum.
Karna ada sesuatu yg tertinggal,pada siang
harinya sang suami pulang kerumah dan
bertemu istrinya lagi.
Istri : ana apa mas deneng balik maning.??
Suami : mau ana sing keri mah..
Istri : ora maem awan disit mas.??
Suami : ora mah urung kencot. (nguntal watu ndean)
Lalu sang suami menghmpiri dan menciumi strinya.
Sambil berkata "kye maem sawanku mah"
Sang istri pun senang campur bahagia.
Pada sore hari menjelang malam suami pun pulang.
Degan kagetnya melihat tingkah laku sang istri. lalu bertanya.?
Suami : lagi ngapa kowe mah metringking nang nduwur rice cooker ora cawetan kaya kuweee.??
Degan senang istri pun menjawab.
Istri : lagi ngangetin makan malam,mu mas.. (kon aja mambu sadeg)
demikianlah sodara critane.
wess nganah pada merad sing adoh lahh.. huuuusstt..huuuusstt.. (karo nguprak-nguprak) hahha..
.
Tuesday, May 29
JAM TEYENG NOMONG
Boy ngajak keliling Tukijo kambi mameraken koleksi barang-barang sing larang-larang regane.
Nang pojokan ana gong gedhe banget. warnane kuning kaya emas.
Tukijo gumun takon maring Boy: Boy, apa kiye alat music tradisional ya??
Dudu Jo, kiye jam sing teyeng ngomong dhewek.
Lho, kepriwe carane, ana jam-jam koh teyeng ngomong dhewek.?? Tukijo gumun semu ora ngandel ana gong koh teyeng ngomong.
Kiye, kaya kiye cara kerjane jo. Boy njunjung gonge dipepedna mengaring tembok, terus dithuthuk saporete nganggo kepelan tangane. GUUUUNNNG.... swarane mantul mbudhegna kupinge sapa bae sing krungu.
Tukijo kaget kambi nutupi kuping kiwe-tengen, jalaran kepengengen krungu swara gong sing dithuthuk si Boy.
Ora let suwe ujug-ujug ana swara melung-melung sekang umah sebelahe: ”Haeee….. Brisik.!! Kepengin tek srampang kudhi apa.?? Kiye jam telu esuk…. Nganggu wong turu baen.!!
Kuweh… percaya mbok jo. Siki brarti wis jam 3 esuk…
FLU HONGKONG
Jarene flu hongkong kuwe flu sing ganas,
jalaran gampang nular maring sepada-pada menungsa. Awake panas-tis, irunge mampet, ora doyan madhang, otot balung padha nggreges.
Ramane Guplo lagi kemrungsung jalaran anake uga wis kena penyakit flu hongkong, mulane terus nelpun dokter pribadine.
Ramane Guplo: Dokter, anake inyong si Guplo wis kena flu hongkong..
Dokter: Iya, nyong wis ngerti. Mau esuk wis tek weneih obat flu sing mandi pol. Si Guplo kudu dipisah kambi kabeh anggota kluwarga ben ora nular maring wong seumah..
Ramane guplo: Tapi, dokter. (kemrungsung kambi bingung) Guplo wis ngambung si Iyem pembantune inyong.
Dokter: Wah, gawat, nek kaya kuwe, si Iyem ya kudu dikarantina. Kudu dipisah.
Ramane guplo: Tapi dokter, inyong uga wis ngambng si Iyem.
Dokter: Wuah ini tambah ruwet ini. Brarti rika nduwe potensi nyimpen bibit flu hongkong
Ramane guplo: Cilakane maning dokter. Inyong ya wis ngambung bojoku!!!
Dokter: Wadhuh.... cilaka temenan kiye.. (dokter grundelan dhewek) Nek kaya kuwe nyong uga wis ketularan flu hongkong kiye tah.!!! (nu mau redot ngambungi bojone ramane guplo)
Friday, May 18
cerita lucu: AJA BOROS
Wis dadi pakulinan, Bu Rokhmini guru matematikane Rifa’i angger garep miwiti wulangan ndadak nyelingi pitutur kanggo budipekertine murid-murid.
“Bocah-bocah, siki jaman reregan larang, wong tua agi padha angel pahal. Mulane kudu padha gemi nastiti ati-ati. Aja padha boros.
angger dewehi sangu neng wong tua aja dientekna kabeh, lewih apik dicelengi. Sukur-sukur aja padha jajan. Sangune dicelengi kabeh. Ya bocah-bocah.??”
“Nggih, Bu Guru,” bocah kelas 1-A mangsuli kabeh. Suarane Rifa'i sing paling seru.
Wulangan matematika dewiwiti,
siki wulangan suda-sudaan. Njajal, Kartinah mangsuli pitakone bu guru, ya.?? Telu disuda loro kari pira.??
Kartinah: Setunggal, Bu Guru..
Kartinah pancen pinter kowe.. Siki gari Rifa’i. Telu disuda telu kari pira.??
Rifa'i: Setunggal, Bu Guru..
Bu Rokhmini kaget krungu jawabe Fa’i. Dheweke jane bocah pinter, ningen jawabe koh luput.
“Deneng telu disuda telu kari siji, Fa’i.??”
“Lha ngendikane bu guru seniki jaman larang, aja padha boros, kudu gemu nastiti ati-ati. Angger nduwe apa-apa dadi aja dientongna. Tigo desuda tigo nol niku namine boros bu guru..
mulane 3-3=1. di ngaih siji nggo benahan bu..
Wednesday, March 14
NYIMPEK,NA KIM JUNG-UN
Ahmadijenad, Hugo Chavez, Raul Castro kambi Kim Jung-un nembeke rampung nyekar kuburane Kim Il-sung. (Kuburane bapane kim jung-un) Egin neng gonggoman kuburan, wong telu ngaseng Kim Jung-un jonjang. Gole nglotre sing masang nganggo kertu gambare wong papat ditambah kertu gambare Obama. Sapa sing ngejit entuk gambare Obama sing masang.
Basa Hugo Chaves ngocok kertu banjuran dekon pada ngejit. Ahmadijenad ngejit kertu gambare Fidel Castro, Hugo Chavez ngejit gambare Ahmadijenad. Raul Castro ngejit gambare Kim Jung-un.
Giliran Kim Jung-un ngejit, dheweke olih kertu gambare Obama. (Mbatin, apes kye nyong)
"Horee… Jung-un masang," omonge wong telu.
"Jung-un, gelis matane kowe ditutupi, inyong arep mlayu umpetan," omonge Ahmadijenad.
Mbarang matane debukak deweke nggoleti umpetane wong telu tekan ngendi ora, ningen ora ketemu najan wis nggoleti tekan rep.
Kim Jung-un nangis mberod-mberod keweden, ningen ujug-ujug krungu suara bapane sekang jero kuburan:
"Jung-un, kowe ora usah nggoleti. Wong telu kuwe nyimpek,na kowe lunga aring Praketa arep pada mangan mendhoan neng kana," omonge Kim Il-sung bapane.
Kim Jung-un sengsaya keweden krungu bapane sing wis mati ngomong sekang njero kuburan tambah klenger bunderr...
Wednesday, March 7
Cerita humor: KEPUNGAN
Sore kang Sendur wis adus dandan mlipit pisan nanggo SENDAL ANYAR, ben ora mambu lecit keleke dioser oser nganggo onorondo, bagda maghrib, Sendur mangkat arep melu slametan kaule daplun nggone kaki khasim,
Kon cepet tekan Sendur nrobos lurung, dalane madan peteng, ndilalah nang lurung weruh barang ijo-ijo metutuk pating tletek nang tengah lurung,
Sendur mbatin 'melas temen nini Salem arep dodolan buntil nang tontontan lengger malah pada gigal, Sendur nguculi sandal barang dirasakna karo jempol sikil, 'lho esih anget, kiye temenan buntile nini Salem sing gigal. Sendur clingukan bareng ngerti ora nana wong sendur ndodok, buntile dimek karo driji, ' deneng madan kasap, apa enggane buntil godong boled mol' saking penasarane
Sendur nyimit sepetil terus dicicipi, bareng ngerti sendur nggrundel ''ASEM !!, TLEPONG KYE TAH.. UNTUNG BAEN ORA KEPIDEK JANN.. ANGGER KEPIDEK NYONG TULI KISINAN, SANDAL ANYAR MALAH CLUPUT GANING TLEPONG''
Tuesday, March 6
Cerita lucu: bakul bubur anake dadi pejabat
Pak Mardjuki takon-pitakonan karo Mbok Sarwen bakul bubur nang kono.
MARDJUKI: Dodolan bubur wis suwe Mbok Sarwen.??
SARWEN: Sampun 40 tahun pak..
MARDJUKI: Anakke pada neng endi mbok.?? Deneng langka sing ngrewangi.??
SARWEN: Anak kula enten 3, ingkang mbarep teng POLRES, nomer kalihe teng KEJAKSAAN, ingkang mbontote teng KANTOR PAJEK, dados sami sibuk sedanten pak..
Mardjuki gelang geleng kagum karo Mbok Sarwen. Terus neng ngarep wong-wong sing pada nderek, Pak Mardjuki ngendika: "Lah kuwe sedulur.. Mbok Sarwen sing mung bakul bubur anake bisa pada sukses. anak2ke 1 neng POLRES. 2 neng KEJAKSAAN sing 3 neng KANTOR PAJEK.
tapi mbok sarwen esih seneng kerja keras, lah kiye buktine Mbok Sarwen tetep dodolan bubur panas-panas kaya kiye.
MARDJUKI: Mbok Sarwen, anakke rika jabatane apa neng POLRES, KEJAKSAAN karo sing neng KANTOR PAJEK?"
MBOK SARWEN: ya nggih Sami kalih kula pak. Sadean bubur ugi..
Mardjuki: *$#*%$#* (mamah jentik)
Humor: jeneng aneh
Guru: Mahesa Purbo Sejati gunawan.??
Murid: (kambi ngacung) hadir bu.!!
Guru: Fichy Seno Nugroho.??
Murid: wonten bu.!!
Guru: (meneng sedela, soale gumun ana daftar jeneng muride sing aneh)
sapa sing jenenge W.TAUFIK.WWWW ngacung.??
Taufik: kula bu...
Guru: jenengmu sapa sebenere.??
Taufik: anu bu...emmm...nuwun sewune mawon kula isin diguyu kalih rencang2 nek ngendika namine kula..
Guru: wis ora papa...ora usah isin-isin.??
Taufik: nggih menawa ibu mekso...namine kula niku.. Wabillahi Taufik Walhidayah Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Guru: ???@*@$*#...(mamah kapur tulis)
Wednesday, February 29
cerita humor: tuku tempe
Yu.. pupu loro tempe siji ya.?? (Mbekayu bakul ora gageyan ngladeni, dadi si daplun protes)
deneng meneng baen.?? Pupu loro tempe siji, gageyan.!!? (Si Mbekayu karo mandan kesuh semaur) pupu loro tempe siji khusus nggo bojoku, minggat nganah.??
Ndilalah ana bocah garep tuku gorengan
Bocah : mboke gorengane piraan.??
Bakul : rongewu telu..
Bocah : lah ora sida, wis kadaluwarsa kuwe tah
Bakul : kadaluarsa piwe sih wong esih anget koh
Bocah : kuwe tempe rong ewu telu mboke.. seki tuli rong ewu rolas.??
Bakul : OOOOooooo...DIGILMU SIH.!! minggat nganah.??
Sunday, February 26
cerita humor: kucing enom
bagol diprentah nggolet kucing sing tesih nom sijine dibyar 100ewu.
kie critane:
daplun: gol raimu deneng lesu temen kaya kesed ya kue.??
bagol: dapurmu sie.. ora duwe duit plun.. utange akeh koh..
daplun: geh gol.. golet kucing enom nganah gawa ngumahku sijine 100ewu..
bagol: temenan apa.. ya tek golete.
(3 jam kemudian bagol meng umaeh daplun nggawa 3 bayi kucing, tangane mbi raine rodal radil dicakari biung kucing)
bagol: daplun.. kie nyong ulih 3 bayi kucing plun.. enom-enom banget mbok.?? hahaha (bagol bungah)
daplun: nom kepiwe lah.. kie ya nu wis tua kabeh gol.??
bagol: wis tua plun.?? koe kelilipen apa katarak.?? genah-genah kue bayi kucing koh...tua.?? (mandan kesuh)
daplun: ya tua gol.. wong wis metu untu karo kumise kuweh deleng.??
bagol: oooo..digilmu sih.!! kucing lair ya wis ana kaya kuene.. Kentir pancen koe. JEDERR..GRUMBYANG..BRESS.. (bagol lunga mbi nempang saka emper)
sumber: agus umpx
humor ngapak: restaurant indonesia neng USA
Wis ana sewulan DAPLUN karo bendarane nang Amrik, bareng weruh ana restoran 'masakan Indonesia', wong sekloron mlebu trus njagong adep2an. Pelayane ROBOT nyedeki karo takon
R : what is your nationality
D : Indonesia
SECARA OTOMATIS ROBOT MERESET BAHASANYA.
R : selamat datang, apa bahasa suku anda
D : banyumas, jawa tengah
R : sugeng siang, rika arep pesen apa
D : ana pecel, mendoan, dage karo wedang clebek apa ora
R : ana, garep pesen pirang porsi
D : rong porsi baen
R : porsi gede apa porsi cilik
D : porsi gede
R : lomboke pira
D : sing siji lomboke 2, sijine lomboke 5
R : lombok cengis apa abang
D : lombok cengis kena abang kena
R : nganggo kangkung
D : ya
R : nganggo timun
D : ya
R : nanggo kol
D ; ya
R : kol lokal apa sekang wonosobo
D : sekarepmu.!!! (daplun mulai kesuh)
R : kacange diulek apa di blender
D : diuleg.. goblog.!!! Karo menteleng
R : nganggo brambang goreng apa ora
D : nganggo. asu.!! (daplun nggentak seru pisan)
R : nganggo piring apa dipincuk
D : nganggo piring.!!
R : mendoan karo dage digoreng nganggo margarin apa lenga klentik
D : nganggo jlantah.. wedhus.!! (daplun nggebrak meja, jengkel banget wis 10 menit kok mung ditakoni baen)
Robot meneng lampu matane kerlob2 byar pet kayane lagi mroses pesenane sendur, kira2 rong menitan robote moni maning
R : kesuwun banget, pesenane rika wis tek tampa, tapi ngapura ya pesenane ora bisa disuguhna
D : kenang apa sih, nyong wis kencot banget setengah jam mung tanya jawab tok
R : anu, asu karo wedhus sing goblok digoleti ora ketemu neng meta data, eh malah cempuleke wis nang ngarepe nyong
D : munyuk temenan kowe bisa2 nyong dadi kenthir, mayuh bendarane madang nang restoran liyane baen
Tuesday, January 18
pengin gelar sarjana.
- CRITA LUCU
nah mangkatlah si togar meng bandung kuliah nembe olih setaun.. ketemu kambi mojang/cewe bandung, terus kawin kambi cewe kuwe. mandeg lah kuliah,he..
beberapa tahun berlalu.. nduwe anak, bocah lanang. di gawalah bocah kuwe meng medan ben ketemu kakine/ramane si togar.
Tuesday, January 11
lucu ngapak: bocah kampungan
(bocah kampungan)
kye ana crita: critane ana wong ndeso mlebu kota. jenenge BAGOL.
tekan kota Bagol bingung weruh gedung gede-gede. pas nangarep BANK.
Bagol maca tulisan OPEN. Bagol mikir.. open koh seme gedene, la rotine sih sepira yah.??
ora let suwe terus ana BULE mlebu BANK kuwe..
bagol bengok-bengok.. mass aja mlebuu kuwe nu OPEN.!! BULE tetep bae mlebu.
ora suwe ana NEGRO metu . Bagol ngomong " kuwe mbok mass.. domongi kon aja mlebu OPEN ngeyel. ya dadi GESENG THUNTENG kaya kuwe.
crita lucu ngapak: bapane gebleg
bagol bali sekolah nangisss baen..
BAPAKE: nangapa kowe nangis gol tes gelut apa piwe.??
BAGOL: mbri nangis. ora pak. nyong tes domaih nang gurune pak.! ana pelajaran IPS nyong ditokoni gurune dimanakah letak pulo kalimantan.?? genah nyong kelalen ya ora njawab pak.. koh nyong domeih baen nang gurune..
BAPAKE: pulo kalimantan bae koh ora ngerti jann. sinau ora kowe maubengi.??
BAGOL: ya sinau pak mbok rika ngerti dewek lah mau mbengi.??
BAPAKE: oooh.. bagol-bagol.. genah-genah wis sinau koh ora ngerti dimana letak pulau kalimantan. mulane-mulane mbasa ndelah apa-apa di emut-emut. aja di gletak dadi ora go goletan..
crita lucu ngapak: bocah lengotan
BAGOL: bapake nyong arep mangkat seklah pak.??
crita lucu ngapak: nilep surat
Saturday, January 8
tips mancing belut
buat ente-ente yang hobi mancing belut. ini saya punya tips buat mancing belut. pertama-tama sediakan umpanya.
mancing belut itu tidak gampang kudu tlaten. tapi kalau sedulur pengin cepet, nih aku ajarin caranya..
ngga usah repot-repot. cukup menggunakan kopi yang buat empan mancing.
caranya. taburkan kopi di sekitar lubang belut..
tidak lama kita tunggu, nongol dah tuh Belutnya.
BELUT: punya roti ngga bang.?? :-P