Tuesday, May 29

JAM TEYENG NOMONG

Tukijo dolan lan nginep nang ngaring umahe Boy batir sekelase. Dasar anake wong gableg. Umahe gedhe magrong-magrong. Kamare pirang-pirang.
Boy ngajak keliling Tukijo kambi mameraken koleksi barang-barang sing larang-larang regane.
Nang pojokan ana gong gedhe banget. warnane kuning kaya emas.
Tukijo gumun takon maring Boy: Boy, apa kiye alat music tradisional ya??
Dudu Jo, kiye jam sing teyeng ngomong dhewek.
Lho, kepriwe carane, ana jam-jam koh teyeng ngomong dhewek.?? Tukijo gumun semu ora ngandel ana gong koh teyeng ngomong.

Kiye, kaya kiye cara kerjane jo. Boy njunjung gonge dipepedna mengaring tembok, terus dithuthuk saporete nganggo kepelan tangane. GUUUUNNNG.... swarane mantul mbudhegna kupinge sapa bae sing krungu.
Tukijo kaget kambi nutupi kuping kiwe-tengen, jalaran kepengengen krungu swara gong sing dithuthuk si Boy.
Ora let suwe ujug-ujug ana swara melung-melung sekang umah sebelahe: ”Haeee….. Brisik.!! Kepengin tek srampang kudhi apa.?? Kiye jam telu esuk….  Nganggu wong turu baen.!!
Kuweh… percaya mbok jo. Siki brarti wis jam 3 esuk…

FLU HONGKONG


Jarene flu hongkong kuwe flu sing ganas,
jalaran gampang nular maring sepada-pada menungsa. Awake panas-tis, irunge mampet, ora doyan madhang, otot balung padha nggreges. 
Ramane Guplo lagi kemrungsung jalaran anake uga wis kena penyakit flu hongkong, mulane terus nelpun dokter pribadine.

Ramane Guplo: Dokter, anake inyong si Guplo wis kena flu hongkong..

Dokter: Iya, nyong wis ngerti. Mau esuk wis tek weneih obat flu sing mandi pol. Si Guplo kudu dipisah kambi kabeh anggota kluwarga ben ora nular maring wong seumah..
Ramane guplo: Tapi, dokter. (kemrungsung kambi bingung) Guplo wis ngambung si Iyem pembantune inyong.
Dokter: Wah, gawat, nek kaya kuwe, si Iyem ya kudu dikarantina. Kudu dipisah.
Ramane guplo: Tapi dokter, inyong uga wis ngambng si Iyem.
Dokter: Wuah ini tambah ruwet ini. Brarti rika nduwe potensi nyimpen bibit flu hongkong
Ramane guplo: Cilakane maning dokter. Inyong ya wis ngambung bojoku!!!

Dokter: Wadhuh.... cilaka temenan kiye.. (dokter grundelan dhewek) Nek kaya kuwe nyong uga wis ketularan flu hongkong kiye tah.!!! (nu mau redot ngambungi bojone ramane guplo)

Friday, May 18

cerita lucu: AJA BOROS


Wis dadi pakulinan, Bu Rokhmini guru matematikane Rifa’i angger garep miwiti wulangan ndadak nyelingi pitutur kanggo budipekertine murid-murid.
“Bocah-bocah, siki jaman reregan larang, wong tua agi padha angel pahal. Mulane kudu padha gemi nastiti ati-ati. Aja padha boros.
angger dewehi sangu neng wong tua aja dientekna kabeh, lewih apik dicelengi. Sukur-sukur aja padha jajan. Sangune dicelengi kabeh. Ya bocah-bocah.??”

Nggih, Bu Guru,” bocah kelas 1-A mangsuli kabeh. Suarane Rifa'i sing paling seru.

Wulangan matematika dewiwiti,
siki wulangan suda-sudaan. Njajal, Kartinah mangsuli pitakone bu guru, ya.?? Telu disuda loro kari pira.??

Kartinah: Setunggal, Bu Guru..

Kartinah pancen pinter kowe.. Siki gari Rifa’i. Telu disuda telu kari pira.??

Rifa'i: Setunggal, Bu Guru..

Bu Rokhmini kaget krungu jawabe Fa’i. Dheweke jane bocah pinter, ningen jawabe koh luput.
Deneng telu disuda telu kari siji, Fa’i.??

“Lha ngendikane bu guru seniki jaman larang, aja padha boros, kudu gemu nastiti ati-ati. Angger nduwe apa-apa dadi aja dientongna. Tigo desuda tigo nol niku namine boros bu guru..
mulane 3-3=1. di ngaih siji nggo benahan bu..